DURUNG adus Bos Bewok wis gawa pancing marani kali.
“Mih, saben dina lawuan krupuk bae, sekali-kali sih empal tah sate,” jare Bos Bewok.
“Mulane luru duwite kang olih akeh supaya lawuane sate…!” Bi Suminih sewot.
“Malingane lagi bangkrut, rabi dijak ngomong jeh malah mrengut !”
Wis sedina deg, iwake ora olih-olih. Matae ngantuk walesane tigel ning kali. Pas arep jukut walesan jriji tangane ditenggak boncel gedhe. “Tulung…!!”
“Mulane Bos yen tangane masih mambu trasi kudu wesu kang bresi ! Xix xix xix….!!” Juned gemuyu ngikik. (Mama Ilik)