BOS Bewok seneng ndeleng Juned gelem sholat.
โAlhamdulillahโฆ syukur Juned sekiyen blajar tobat,โ jare Bos Bewok.
Sholat Ashar dilekasi, Juned wis siap makmuman, tapi HP e ana ning iringan.
Imam nembe takbir, HP Juned ana Whats App (WA) manjing, pas diwaca โMang, Kacung Amin lagi melu jamaah sholat Ashar,โ jare ponakane ning WA.
โPada bae, Mamang gen,โ jare Juned bales WA Amin.
Pas imam salam, HP Juned muni, ana kang nelpon.
โNedโฆ.ari sholat hape-e dipateni !โ Bos Bewok sewot.
โBokat ponakan isun WA, melas Bos,โ
โPaman karo ponakan pada koplakeโ, mamangeโ gebleg ponakaneโ badeg kudu digeburaken ning sor kreteg !!โ jare Bos Bewok.
โXix xix xix xixโฆ..!!!โLebe Fuad kang ana ning sebelah gemuyu ngikik. (Mama Ilik)***