“Kenangapa Jal masih esuk raine wis ditekuk?’” takone Juned kang lagi mlaku-mlaku karo Bos Bewok.
“Pusing Ned, lagi nganggur bae laka pegawean, pabrik taue Kaji Kasan bangkrut,”
“Gelem beli menggawe ning pabrik kecap? Dibayar larang,” takone Juned.
“Ya gelem lah, kang penting menggawe olih duwit,” jare Bujal.
“Pabrik kecap kuwen deke wong Jepang,” jare Bos Bewok.
“Iya, malah dibayare ngenggo Yen,” jare Juned.
“Malah sampe 100 ewuh Yen !” jare Bos Bewok.
“Yo wis kita kerjalah….,” Bujal semanget.
“Iya, tapi Yen ana pabrike, Yen ana majikane, Yen ana duwite…….lan seteruse,” jare Juned.
“Kemplud kuh….!!!” Bujal sewot. (Mama Ilik)