โNed, laka sing liwat โ liwat, sepi temen,โ takon Mul.
โAdate wis bengi, kuh Mang Kirmun bae wis turu,โ jare Juned.
โSapa sing wis turu, sira brisik bae,โ jare Mang Kirmun.
Juned Mul cengar-cengir.
โYa jagate atis mengkenen enake ana jaburan karo kopi,โ jare Mul.
โUsaha,โ jare Juned.
โKuh ari rejeki anak soleh,โ jare Mul.
โWah kesuwun Mang,โ jare Juned.
โBaka sekalian karo rokoe enak tenan,โ jare Mang Kirmun.
โSyukuri, aja jaluk tambahan,โ jare Juned.
โIya aja kaya kang ning kana sing jaluk nambah,โ Mul gemuyu ngikik.
โHus, bokatan ana sing ngerasa,โ Juned melu gemuyu. (Kang Baim)