ANAK Mang Asep kang ayu, lulusan Fakultas Ekonomi nembe menggawe ning salah siji bank kang ana ning Indramayu.
Neng Entin maksa keder lantaran akeh nasabah kang ngenggo basa daerah. โOra apa-apa Nok, awal-awal sih keder, engkoe suwe-suwe pinter,โ jare pimpinan bank.
โNok reang arep ngajuaken kridit,โ jare Mang Darsiwan.
โNamanya siapa Pak ?โ takone Neng Entin.
โDarsiwan,โ jawab nasabah.
โBin siapa Pak ?โ
โLhaโฆ.bine wis matiโฆ ,โ jawab Darsiwan.
Entin kang seng Kuningan ora ngerti basa Cirebon atawa Indramayu, langsung bae ngetik aran Darsiwan bin Wismati. Kira-kira wis rong puluh menit, Neng Entin nyebut siji-siji calon nasabah kang ngajuaken kridit. โPak Darsiwan bin Wis Matiโฆ..!โ
โHah hah hah hahโฆ..!!โ Nasabah sejen pada gemuyu.
โNeng, maksudnya bin wis mati itu bapak dia sudah meninggal dunia,โ jare pimpinan bank.
โOoo โฆ.?! Maaf ya Pak Darsiwan, ora ngerti,โ jare Neng Entin ngrasa isin. (Mama Ilik)