ANAK Mang Asep kang ayu, lulusan Fakultas Ekonomi nembe menggawe ning salah siji bank kang ana ning Indramayu.
Neng Entin maksa keder lantaran akeh nasabah kang ngenggo basa daerah. “Ora apa-apa Nok, awal-awal sih keder, engkoe suwe-suwe pinter,” jare pimpinan bank.
“Nok reang arep ngajuaken kridit,” jare Mang Darsiwan.
Baca JugaWedi ning Dokter
“Namanya siapa Pak ?” takone Neng Entin.
“Darsiwan,” jawab nasabah.
“Bin siapa Pak ?”
“Lha….bine wis mati… ,” jawab Darsiwan.
Entin kang seng Kuningan ora ngerti basa Cirebon atawa Indramayu, langsung bae ngetik aran Darsiwan bin Wismati. Kira-kira wis rong puluh menit, Neng Entin nyebut siji-siji calon nasabah kang ngajuaken kridit. “Pak Darsiwan bin Wis Mati…..!”