“Lha ya kita seh ora kaget ora apa Bos, terus enak bujangan, lamun kepergok kon kawin karo rangda gembleng kang sugih kita ora pusing, soale durung duwe rabi. Beda karo Bos kang wis rabi loro,”
“Bahlul kuh, dipai weruh malah mrembet-mrembet ning ane,” jare Bos Bewok.
“Urusan kawin, lakem jas Bos. Terus weruh beli ari Darmud kuh arep kawin karo prawan seng endi ?”
“Emang Darmud arep kawin karo wadon seng endi Ned, ane bli weruh,”
“Karo wadon Turki Bos !”
“Kang bener Ned ?! Tapi kan Turki tes musibah gempa ?” jare Bos Kamid.
“Ya kang musibah ya musibah, kang kawin ya kawin. Mulane pasrahan gaun penganten wadon Darmud dadak pesen ning Jerman,”