“Waduh Bos, bareng diangkat dadi kepala divisi kayae sibuk temen,” jare Kasan, batur sekantore.
“Yen diupai kepercayaan ning majikan, aja males-malesan,” jare Bos Bewok kang lagi luru pengalem majikan.
Bos Bewok esuk-esuk katone wis sibuk, ngecegi bae gagang telpon, pura-pura nelpon-nelpon relasi, padahal ning seberang telpon laka reaksi.
“Bos kuh ana tamu wis nonggoni seng mau,” jare Juned.
“Bagen bae kon nonggoni ane kan lagi nelpon !”
Kira-kira wis limalas menit, Bos Bewok nembe nemoni tamue.
“Mene-mene Mas, priben ? Apa kang bisa ane bantu…?” takone mang Bewok.
“Reang mene dikongkon nyambungaken kabel telpon ning ruangan Bapak…..,” jare wong mau..
“Xix xix xix xix….!! Tlepon kabele durung disambung wis gaya-gayaan telpon-telponan…!” jare Juned, gawe Bos Bewok wirang ora kepalang. (Mama Ilik)