BOS Bewok lagi seneng watu akik kang antik-antik. “Wis duwe watu akik apa bae Bos ?” takone Juned.
“Yaman madu, rubi, sapir, jamrud, aqua marine kuning, merah delima, lan sejen-sejene ana, masa ente ora percaya ?”
“Percaya Bos, tapi ana durung watu anti tembak tah anti bacok ?”
“Lha….ning endi jagate ana watu anti tembak anti bacok ?” jare Bos Bewok.
“Ana Bos, yuh tek pai weruh, tapi jangji ya, yen wis tek upai weruh engko tuku sate ning Beber ya,”
“Yuh mangkat….!” jare Bos Bewok, numpak mobil.
Pas teka ning salah siji tanjakan daerah Beber, mandeg. “Endi watue Ned ?”