“MUL, napa balike mlaku,” jare Juned.
“Kenang tilang Ned, bli gawa surat karo bli ngenggo helem” jare Mul masang rai mrengut.
“Lah pan sira wis ngenggo helem,” jare Juned.
Baca Juga“Bapak Ora Puasa….!”
“Maksude sira apa kita bli ngerti,” takon Mul kekederen.
“Lah iku endase wis ana heleme,” jare Juned bari ngeplak endase Mul.
“Wong edan kiyen sih dasare kita butak,” jare Mul mrengut.
Baca JugaBuka Puasa ning Jaba
Juned bli tahan deleng tingkahe Mul, terus gemuyu ngikik. (Kang Baim)